LAPURAN REMBUG (LAPORAN BAHASA JAWA)



1.       Wektu wawan rembug                  : 08. 30
2.       Panggonan wawan rembug         : teng griyane bu Rini
3.       Bab wawan cara                               : Usaha roti cilik – cilikan bu Rini
4.       Asil wawan rembug                        : nang ndhuwur

Meisi     : “Sugeng enjing, Ibu Rini.”
Bu Rini  : “Sugeng enjing, mbak. Kadingaren dhateng ngriki wonten keperluan punapa?”
Meisi     : “Kulo badhe nyuwun wekdal penjenengan kagem wawan rembug. Punapa saged Bu Rini?”
Bu Rini  : “ O ..... makaten ta inggih mangga, wawan rembugipun babagan punapa mbak Meisi?”
Meisi     : “Babagan usaha cilik – cilikan Roti ingkang sampun panjenengan lampai ngantos samangke bu  
   Rini.”
Bu Rini  : “O...punika ta inggih mangga dipun wiwiti kemawan!”
Meisi     : “Roti nopo engkang biasa ibu damel?”
Bu Rini  : “Roti kukus”
Meisi     : ”Milai kapan ibu mbikak usaha pendamelan roti kukus?”
Bu Rini  : ”Milai taun 2008”.
Meisi     : “ Pinten penghasilan ibu setunggal dinten e?”
Bu Rini  : “Kinten – kinten Rp 50. 000 – Rp. 100. 000.”
Meisi     : “Natekah ibu ndamel roti sak lintune roti kukus?”
Bu Rini  : “ Nate”.
Meisi     : “Roti nopo engkang ibu damel sak lintune roti kukus?”
Bu Rini  : “Donat, brownis, roti ban/roti bunder.”
Meisi     : “Oh..makaten. matur nuwun sanget ibu Rini awit sampun paring wekdal saha katerangan
                 ingkang kula betahaken bab usaha roti cilik – cilikan.”
Bu Rini  : “Inggih. Mbak Meisi, sami sami.”