BIODATA TUANKU IMAM BONJOL SINGKAT BAHASA JAWA


Tuanku Imam Bonjol yaiku Pahlawan kang wafat ing seberang, tepaté ing Minahasa cedhak karo Pineleng, Sulawesi Utara, nalika tanggal 6 November 1864. Deweke asale saka Sumatra Barat. Jeneng Tuanku Imam Bonjol kuwi salah sijine gelar kang diwenehi dening guru-guru agama ing Sumatra. Jeneng asline Imam Bonjol yaiku Peto Syarif Ibnu Pandito Bayanuddin. Dheweke pemimpin kang paling dikenal wektu gerakan Padri ing Sumatra, kang awal mulane nglawan perjudian, padu ayam,nganggo opium, ombenan keras, tembako, lan liya liyane. Nanging seteruse ngadakake perlawanan karo penjajahan Belanda, kang nyebabke perang Padri(1821-1838). Wonten ing taun 1837, desa Imam Bonjol direbut dening Belanda, lan akhire Imam Bonjol nyerah. Deweke terus diasingke ing pirang-pirang panggonan, lan pungkasane digawa ana ing Minahasa. Dheweke diakui dadi Pahlawan Nasional. 

Nama lan gelar

Jeneng asli saking Tuanku Imam Bonjol yaiku Muhammad Shahab, kang lair ing Bonjol, Pasaman, Sumatra Kulon ing taun 1772. Amarga dadi ulama lan pemimpin ing masyarakat setempat, dheweke diwenehi gelar yaiku Peto Syarif, Malin Basa, lan Tuanku Imam. Tuanku nan Renceh saking Kamang dadi salah sijine pimpinan saking Harimau nan Salapan yaiku kang nunjuk dadi Imam (pemimpin) maring kaum padri ing Bonjol. Deweke akhire luwih dikenal kanthi jeneng Tuanku Imam Bonjol. 

Peto Syarif selanjute luwih dikenal kanthi asma Tuanku Imam Bonjol.Dheweke dilahirke ana ing lingkungan agama. Awale Peto Syarif sinau agama saking bapakke, Buya Nudin. Seteruse saking para Ulama liyane,kayata Tuanku Nan Renceh. Imam Bonjol yaiku pendiri negeri Bonjol. 

Riwayat perjuangan

Pertentangan kaum adat kalian kaum Paderi utawa kaum agama melu nglibatke Tuanku Imam Bonjol. Kaum Pederi ngupaya bersihake ajaran agama Islam kang wis akeh diselewengke supaya mbalik maring ajaran agama Islam kang murni. Golongan adat kang ngrasa terancam kedudukane, angsal bantuan saking Belanda. Nanging,gerakan pasukan Imam Bonjol kang cukup kuwat bisa mbahayakake kedudukane Belanda. Trus selanjute Belanda mekso ngadakake kesepakatan damai maring Tuanku Imam Bonjol ing taun 1824. Kesepakatan kuwi dijenengi " Perjanjian Masang". Nanging, kesepakatan kuwi dilanggar dewe maring Belanda kanthi nyerang Negeri Pandai Sikat. 

Pertempuran-pertempuran seteruse uwis ora akeh artine, soale Belanda kudu musatke kekukatane maring Perang Diponegoro. Nanging sakwise Perang Diponegoro rampung, Belanda ngerahke maneh pasukan gedhe-gedhean kanggo nakhlukke sekabehe Sumatra Barat. Imam Bonjol lan Pasukane tetep ora nyerah lan kanthi gigih mbendung kekuatane musuh. Nanging kekuwatane Belanda gedhe banget, dadine siji per siji daerah Imam Bonjol bisa direbut Belanda. Akhire Bonjol uga langsung tiba ing tangan musuh.Nanging 3 sasi seteruse Bonjol bisa direbut maneh.Kejadian iki ing taun 1832. 

Belanda mbalik ngerahke kekuwatan kang gedhe. Ora ketinggalan Gubernur Jendral Van Bosch melu mimpin serangan maring Bonjol. Nanging gagal. Deweke ngajak Imam Bonjol supaya Damai kanthi maklumat PalakanPalakat Panjang, nanging Tuanku Imam wis curigaKanggo wektu-wektu seteruse, kedudukan Tuanku Imam Bonjol tambah dadti angel, nanging dewekke nolak damai maring BelandaNganti ganti kaping telu, Belanda ngganti panglima perange kanggo ngrebut Bonjol, suwijine negeri cilik kanthi benteng saking lemah. Sakwise telung taun dikepung, nembe Bonjol bisa dikuwasai, yaiku tanggal 16 Agustus 1837

Akhire Tuanku Imam Bonjol kejebak maring pengkhianatane Belanda kanthi perundingan kang terselubung.Tuanku Imam Bonjol bisa ditangkap lan diasingke maring Cianjur. Wedi yen pengaruh pimpinan Paderi kuwi ing Jawa Barat,deweke langsung dipindahke maring Ambon lan seteruse ing Manado. Ing panggonan kuwi Tuanku Imamku Imam Bonjol wafat tanggal 6 November 1864 kanthi umur 92 taun. 

Ora bisa dipungkiri, Perang Paderi ninggalke kenangan heroik lan traumatis ing memori bangsa. Kurang luwih 20 taun perang kuwi (1803-1821)praktis kang nggawe pepatenan maring sesama uwong Minang lan Mandailing utawa Batak Umume. Caampur tangan Belanda ing perang iki ditandai kanthi penyerangan Simawang lan Sulit Air saking pasukan Kapten Goffinet lan Kapten Dienema ing awal April 1821 kanthi perintah Residen James du Puy ing Padang. Kompeni melu terlibat ing perang kuwi amarga diundang kaum adat. Ing tanggal 21 Februari 1821, kaum adat resmi nyerahke wilayah darek (Pedalaman Minangkabau) maring Konpeni nggawe perjanjian kang dipeksa ing padang, dadi kompensasi maring Belanda kang sedia mbantu nglawan kaun Paderi. Perjanjian kuwi ditekani uga saking sisa keluarga Dinasti Pagruyung ing ngisor pengawasan Sultan Muningsyah kang selamat saking patenan pasukan Paderi kang dipimpin Tuanku Pasaman ing Koto Tangah, cedak Batu Sangkar, ing taun 1815 (dudu taun 1803 koyo kasebut ing Parlindungan, 2007:136-41). 

Penyesalan lan perjuangan heroik Tuanku Imam Bonjol barengan pengikute nglawan Belanda kang ngepung Bonjol saking sekabehe jurusan kurang luwih enem sasi ( 16 Maret-17 Agustus 1837) uga bisa ndadikke apresiasi maring kepahlawanan nentang penjajahan. 

Kurang luwih 62 taun Indonesia merdeka, jeneng Tuanku Imam Bonjol ana ing papan umum kanthi dadi jeneng dalan, jeneng stadion, jeneng Universitas, lan uga ing lembaran duwit Rp 5.000 kang dikeluwarke Bank Indonesia 6 November 2001. Tuanku Imam Bonjol (1722-1864), kang diangkat dadi pahlawan nasional didasrke SK Presiden RI Nomor 087/TK/Tahun 1973, 6 November 1973, yaiku pemimpin utama Perang Padri ing Sumatra Barat (1803-1837) kang gigih nglawan Belanda. Nanging, akhir-akhir iki metu petisi, nggugat gelar kepahlawananne Tuanku Imam Bonjol. Tuanku Imam Bonjol dianggep nglanggar HAM amarga pasukan Paderi nginvasi lemah Batak (1816-1833) kang newaske jutaan uwong ing daerah kuwi.