1.       Wektu wawan rembug                  :
08. 30
2.      
Panggonan wawan rembug         : teng griyane bu Rini
3.      
Bab wawan cara                               : Usaha roti
cilik – cilikan bu Rini
4.       Asil wawan rembug                        :
nang ndhuwur
Meisi     :
“Sugeng enjing, Ibu Rini.”
Bu Rini  :
“Sugeng enjing, mbak. Kadingaren dhateng ngriki wonten keperluan punapa?”
Meisi     :
“Kulo badhe nyuwun wekdal penjenengan kagem wawan rembug. Punapa saged Bu
Rini?”
Bu Rini  :
“ O ..... makaten ta inggih mangga, wawan rembugipun babagan punapa mbak
Meisi?”
Meisi     :
“Babagan usaha cilik – cilikan Roti ingkang sampun panjenengan lampai ngantos
samangke bu  
   Rini.”
Bu Rini  :
“O...punika ta inggih mangga dipun wiwiti kemawan!”
Meisi     :
“Roti nopo engkang biasa ibu damel?”
Bu Rini  :
“Roti kukus”
Meisi     :
”Milai kapan ibu mbikak usaha pendamelan roti kukus?”
Bu Rini  :
”Milai taun 2008”.
Meisi     :
“ Pinten penghasilan ibu setunggal dinten e?”
Bu Rini  :
“Kinten – kinten Rp 50. 000 – Rp. 100. 000.”
Meisi     :
“Natekah ibu ndamel roti sak lintune roti kukus?”
Bu Rini  :
“ Nate”.
Meisi     :
“Roti nopo engkang ibu damel sak lintune roti kukus?”
Bu Rini  :
“Donat, brownis, roti ban/roti bunder.”
Meisi     :
“Oh..makaten. matur nuwun sanget ibu Rini awit sampun paring wekdal saha
katerangan 
                 ingkang kula betahaken bab
usaha roti cilik – cilikan.”
Bu Rini  :
“Inggih. Mbak Meisi, sami sami.”